WEJANGAN-WEJANGAN KI AGENG SURYOMENTARAM

SESORAH JUNGGRING SALAKA - II

Kc. 2/3

Bageyan II. CILAKA SESARENGAN

A.

Cilaka sesarengan, punika mlarat lan congkrah sesarengan; liripun mlarat sarwa kirang, awit kabutuhan ingkang pokok dipun kawonaken kaliyan kabutuhan ungkul. Liring congkrah sesarengan, saben tiyang dipun anggep mengsahipun jorjoran.


1. Wonten ing gesang jorjoran, ingkang dhawah menang lajeng ngece, gadhah raos makaten: "Galo, si Anu kae rak cilaka, jeneh ora kaya aku." Ingkang dhawah kawon lajeng kemropok utawi ngingkit-ingkit; malah mungel makaten, "Jing momong mangsa trimaa." Raos ngingkit-ingkit wau asring awet, dipun ngengehaken dumugi benjing bakda pejah. Ungelipun makaten, "Ora bisa saiki iya besuk, nek wis aneng ngakerat, nek aku katrima, si Anu mesthi tak ece sabujade; mula saiki diepeng bae anggone golek katrima." Yen pitados dhateng panitisan, inggih lajeng nyrempeng anggenipun sinau nitis, sampun ngantos klintu, sageda ngece dhateng mengsahipun sapunika; mila lajeng banter sesirik sarta sregep manekung. Wonten ing jaman ungkul, kabingahaning tiyang, kasusahaning tangganipun; kasusahaning tiyang, kabingahaning tangganipun.


2. Jaman makaten wau, satunggal lan satunggalipun boten pitados, tansah sami butarep-binutarepan, saben tiyang madosi karingkihaning liyan, yen kacepeng lajeng kangge garan anencang, supados gumantunga dhateng awakipun, yen katilar lajeng cotho. Mila tiyang lajeng sami pancing-pinancing amrih kareming liyan. Pancing-pinancing wau, ingkang katingal wonten ing bebojoan; ingkang jaler sumbar makaten, "Wong wadon, janji wis tak tukokake suweng, tur blangkonku ajeg mlipit, esuk sore dak angsokake, mangsa bisaa uwal saka aku; wong lanang ngendi jing bisa kaya aku." Dene ingkang estri sumbar makaten: "Wong lanang, janji tak sambelake, tur pupuranku ora kendhat, mangsa bisaa megat aku, gene kok ana, ayo ngendi ana wong wadon jing kaya aku." Kados makaten kaliyan anak, sadherek, mitra tuwin tangga inggih pancing-pancingan; mila lajeng jorjoran pados dipun betahi.


B.

Wonten ing jaman ungkul, guyubing tiyang, amung yen pinuju pados ngungkuli sesarengan. Tiyang sagriya, yen badhe ngungkuli griya sanes, katingal guyub lan tentrem. Dene yen kaplesed lajeng tutuh-tutuhan, yen kabul lajeng rebatan bageyan, sanajan bageyanipun namung alem. Kados makaten ugi tindaking golongan, praja, lan bangsa.


1. Wonten ing jaman ungkul, sadaya tindak kabrongot alem. Yen pados ngungkuli sesarengan, suhipun janji-janjian utawi sumpah-sumpahan, ing ngriku lajeng wonten tatanan awon-sae. Ingkang nyulayani janji: awon. Ingkang netepi: sae. Yen anggenipun netepi janji sarana rekaos, sangsaya angsal pangalembana, dipun wastani tiyang mantep lan temen, saya yen sarananipun toh nyawa, malah lajeng dipun candhi kangge pengetan, dipun wastani tiyang teguh ing budi. Mila ing jaman ungkul, tiyang sami nglempakaken babadipun tiyang ingkang sami linangkung sajagat, perlu kangge mbrongoti tiyang supados tiru, pamrihipun supados misuwur. Dene ingkang andhap asor, inggih namung ngalap berkah.


2. Sanajan sampun mawi sumpah-sumpahan, yen pados ngungkuli sesarengan taksih tansah sumelang, bok bilih dipun balenjani, mila tansah sami gentos ngulataken tujuning liyan utawi sepiyun-sepiyunan. Ing jaman ungkul, tiyang ingkang prigel ngulataken tujuning liyan, angsal pangalembana; dipun wastani tiyang wicaksana; malah wonten ungel-ungelanipun ingkang kaanggep mathis makaten: "Sapa weruh ing panuju, sasat sugih pagere wesi," kasebat ing kasusastran jaman ungkul.


C.

Ing jaman ungkul, panganggeping tiyang dhateng sanes, yen sanes rencang pados sesarengan ngungkuli, inggih mengsah, boten kenging tiyang boten tumut-tumut; janji aruh-aruhan kaliyan satrunipun, lajeng dipun mengsah, lan rencang dipun bombong-bombong utawi dipun brongot, alem, supados sengkut anggenipun ngrencangi pados ngungkuli, yen mengsah lajeng dipun githing, supados tobat utawi ering.


1. Githing-githingan lan ugung-ugungan, dados tata caraning ungkul. Panggithing wau tumanduk dhateng samukawis; ngantos dumugi babagan laki-rabi; malah wonten satunggaling golongan ingkang boten kenging besanan kaliyan golongan sanes. Ingkang netepi tata cara makaten ing jaman ungkul angsal pangalembana, dipun wastani satriya utama; jalaran kendel anggithing liyan, mila asring lajeng dipun ugung bineda samukawisipun.


2. Ing jaman ungkul, raosing gesang namung tansah kemrungsung, semplah, kemrungsung, semplah. Nalika pados ngungkuli utawi ajrih kungkulan, lajeng kemrungsung; nalika kapagol, Iajeng semplah. Ing ngriku tiyang boten mikir gesangipun, tansah katungkul anggenipun ungkul-ungkulan; ngantos katungkak wanen, ompong, kisut, kempot lajeng pejah.

Raos semplah, punika asring wujud nggresah, inggih punika nggresah anggenipun boten limrah tiyang. Wujudipun, yen kaleres dinten riyadi, limrahipun sami nyandhang enggal, lan ngungelaken mrecon; yen kaleres boten saged lajeng nggresah, kados makaten sasaminipun. Jebul boten limrah tiyang, punika ateges boten nate ngungkuli; mangka ing jaman ungkul, utamining tiyang punika yen ngungkuli.

Sirnaning ungkul, punika yen mangertos yen raosing gesang tiyang sajagat sami kemawon. Sirnaning ungkul mahanani tentrem, utawi beja; tegesipun punapa-punapa sakepenake, saperlune, sabutuhe, sacukupe, samesthine, sabenere. Lajeng saged sumerep dhateng gegayuhaning samukawis ingkang leres, kadosta: gegayuhaning tiyang nedha, leresipun rak namung pados eca tuwuk; dene yen ketempelan ungkul, gegayuhanipun boten leres. Conto malih gegayuhaning sandhang; ingkang leres rak namung pados patut. Ingkang mangka yen namung pados patut kemawon gampil sanget; jer saben sandhangan dipun angge tamtu patut. Upaminipun lare dipun sandhangi mawi slendhang, inggih patut, dipun anggeni blangkon, inggih lajeng gambela-gambelo patut. Yen lare sampun diwasa: jaka utawi prawan, mangangge sarwa mlipit, inggih patut lan sae, upami pating klomprot, inggih patut lan sae; la, tiyang saweg nedheng diwasa, sapangangge-sapanganggenipun tamtu katingal sae. Dene yen tiyang sepuh, manganggea mlipit utawi klomprat-klomprot, inggih patut tur awon, la, tiyang sampun sepuh, sapangangge-panganggenipun tamtu katingal awon.

Raos tentrem, punika nular, awit tiyang tentrem temtu sumeja damel tentrem dhateng liyan. Ing mangka ungkul inggih ugi nular. Tiyang ingkang katularan tentrem raosipun sakeca. Ingkang katularan ungkul lajeng kemrungsung boten sakeca. Raos sakeca, gadhah wateg, numanaken. Raos boten sakeca, gadhah wateg njimbitaken. Pangesuking raos tentrem temtu menang kaliyan ungkul. Mila raos tentrem tamtu saya ngreda panularipun. Pangredaning tentrem mahanani tentrem utawi beja sesarengan.


Hosted by www.Geocities.ws

1